Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 17

Kompetensi Dasar

Memahami struktur teks, unsur


kebahasaan, dan pesan moral dari teks
drama modern.
Indikator
Menjelaskan struktur teks drama modern
Mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam
teks drama modern
Menjelaskan pesan moral teks drama
modern.
Menjelaskan teknik menulis naskah drama
modern.
DRAMA
Tembung drama asale saka tembung
dramoi (Yunani), kang tegese ‘nirokake’.
Miturut para winasis, drama yaiku
carita/karangan kang ancase
nggambarake kahanane bebrayan, kanthi
mitontonake obah mosiking
manungsa/paraga ing sandhuwure
panggung.
Ing tlatah Jawi drama kasebat ugi
sandhiwara, dumados saking tembung
sandhi (nyingitaken/nyamaraken) lan wara
(carita/ajaran). Dados, sandhiwara ateges
ajaran ingkang dipunsingitaken/
dipunsamaraken ing salebeting solahbawa lan
wicantenanipun para paraga.
Jinis-jinis Drama Kawawas Saka:

Sarana Gelare:
a. drama radio (audio)
b. drama televisi (audio visual)
c. drama pentas (panggung)

Teknik Garapan:
a. drama tradisional
b. drama modern
6
Bedane Drama Tradhisional lan Modern
Drama Tradhisinoal
1. Ora nggunakake naskah, cecaturane para paraga dadakan (improvisasi).
Tuladha Ludruk lan Kethoprak.
2. Isine nyritakae jaman perjuangan lan jaman kerajaan (istanasentris)
3. Diiringi nggunakake musik tradhisional (gamelan)
4. Busana kang digunakake laras karo isine crita yaiku perjuangan utawa
kerajaan.
5. Setting lan tata panggung prasaja kaya jaman biyen.

Drama Modern
6. Kudu nggunakake naskah drama. Cecaturane paraga kudu padha karo
naskah. Tuladha : Teater, Drama kreasi.
7. Isine nyritakake panguripan masyarakat aman saiki.
8. Diiringi nggunakake musik kontemporer (campuran tradhisional lan modern)
9. Busana kang digunakake salumrahe busana jaman saiki.
10. Setting lan tata panggung luwih megah lan modern.
Teks drama modern menawa ditintingi bisa
kaperang dadi loro, yaiku (1) wujud teks
dumadi saka struktur teks, unsur basa, lan
nilai moral utawa budi pekerti, relevansi
nilai budi pekerti, lan (2) carane nulis teks
drama prasaja (sederhana).

8
Struktur teks drama modern (bisa diwawas
saka unsur intrinsike).
1) Pacaturan (Dialog), yaiku cecaturan antarane para paraga
sajrone drama.
2) punjering crita (tema), yaiku idhe pokok kang dadi punjere
crita,
3) Paraga lan wewatak, yaiku pawongan/tokoh kang ana sajrone
drama kang nggambaraken watake tokoh sajroning crita,
4) reroncening crita (alur), yaiku reroncening prastawa sajroning
crita,
5) swasana (setting), unsur ingkang nggambaraken panggenan,
wekdal lan suraosipun cariyos,
6) wejangan (amanat), inggih menika pamekasing ajaran kang
becik ingkang dipunbabar penganggit ing teks drama, lan saged
dipundudut pamaos.
Struktur Alur sajrone teks Drama:

1. eksposisi (nepangake paraga, papan


panggonan, wektu lan swasana),
2. komplikasi (lumakune masalah/konflik ing
saben adhegan),
3. klimaks (pucukipun masalah),
4. anti klimaks (mungkasi masalah) ,
5. resolusi (kawusanane cariyos).
Unsur Basa Teks Drama Modern:
1) Unsur basa kang diandharake lan ditintingi diwatesi
adhedhasar wujud rakitake teks yaiku teks dhialog lan
gancaran ,
2) Teks dhialog mujudake teks sing bakal dilisanake dening
para paraga salaras karo panulise ukara kandha (langsung)
lan trep-trepane basa.
3) Teks gancaran (prosa) kaperang dadi loro yaiku prolog lan
epilog. Prolog yaiku gancaran kang manggon ing wiwitane
crita. Epilog yaiku gancaran kang manggon ing pungkasane
crita.
Nulis Teks Drama Prasaja (Sederhana)
a. Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema
sing dipilih sing dianggep paling dramatik
utawa ana konflik (pertentangan).
b. Saka tema, nemtokake plot.
c. Nemtokake paraga lan pamaragan (sipat,
watak, tingkah laku, ciri fisik, lsp.).
d. Nulis crita jangkep.
Relevansinilai budi pekerti kang
nggathukake, nyambungake, lan
nyocogake nilai budi pekerti karo
panguripan ing jaman saiki.

You might also like