Basa Rinengga Ke-1

You might also like

Download as pptx, pdf, or txt
Download as pptx, pdf, or txt
You are on page 1of 9

Basa rinengga

kelas viii
bab ii semester
ganjil
Kompetensi dasar
3.1 Mengidentifikasi struktur dan unsur kebahasaan dalam teks sesuai ragam
bahasa dan gaya berbahasa (Basa rinengga / lalongèt )

4.1 Menulis berbagai bentuk kalimat dengan menggunakan ragam bahasa dan
gaya berbahasa (basa rinengga / lalo nget)
Basa rinengga
Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa ( gaya bahasa )
asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah
jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan
tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa
ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Teks-teks sastra
mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane,
sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh.

Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes.


Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki
supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga
bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa,
gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi
sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing
upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak,
Perangan basa rinengga

01. 02. 03. 04.


Bebasan Paribasan Pepindhan SALOKA
01.BEBASAN / perumpamaan
Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan,
sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane
manungsa.
Tuladhane :
(1) Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake.
(2) Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari
kapitunan rong warna.
(3) Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora
sumbut karo rekasane
02. PARIBASAN
Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.
(tegese kaya ing tembunge)
Tuladhane:
(1) Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora
bakal maremake.
(2) Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi
tanggungjawabe wong tuwane.
(3) Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane,
lan kepinterane.
03. PEPINDHAN

Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-


iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo
tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane.
Tuladhane :
(1) Kaya ketiban ndaru, tegese beja banget (uripe kepenak).
(2) Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing
bisa ngalahake.
(3) Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun
04. SALOKA
Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan,
sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.
(Wong dilambangake kewan / tetuwuhan)
Tuladhane :
(1) Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha
donya.
(2) Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe
gegayuhan sing mokal kasembadan.
(3) Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh
karo sipate wong tuwa.
MATUR NEMBAH
NUWUN TUGASE!
1. NGRANGKUM MATERI BASA RINENGGA KE-1!
2. GOLEK CONTOH UKARA BEBASAN, PARIBASAN,
PEPINDHAN, SALOKA!

CREDITS:
This presentation template was created by Slidesgo,
including icons by Flaticon, and infographics & images
by Freepik.
Please keep this slide for attribution.

You might also like